Lagune Cah Mbanjar

Wis suwe banget ora ngeblog, rasane wis kangen banget. Tapi wong jenenge lagi akeh gaweyan ya dadi madan angel nek arep dolanan internet. Critane lagi sibuk kiye, jenenge bae anu nyambut gawe ngawulani wong akeh dadi ya gelem ora gelem kudu gelem....hehehe kepriwe sih...???

Sengaja nang posting kiye, aku arep ngenalaken lagu-lagune wong Banjarnegara. Lha wong pancen aku asli wong Banjar si kepriwe maning... ya mesti kudu bangga karo Banjarnegara nang endi papan. Meskipun bojo lan anakku nang Semarang, aku tetep bangga karo Banjarnegara. Tapi bukan berarti aku ora bangga karo Semarang...lha kan ana pepatah "Dimana bumi dipijak disitu langit dijunjung" dadi ya bangga juga kadang dadi wong Banjar, kadang dadi wong Semarang.

Lagu-lagu iki nyedot kang Multiply-ne Kang Dyon sing asline Klampok. Lha aku maturnuwun banget kiye Kang, wis njukut lagu-lagune kang nggone rika. Maksude ben kanca batir liyane juga bisa melu menikmati lagu-lagu banyumasan sing versine wong Mbanjar. Moga-moga bae bisa nambah khasanah lagu-lagu khususe lagu banyumasan.

1. Terminal Mbanjar
2. Senthir Kurang Lenga
3. Salak Pondoh Banjarnegara
4. Rumangsa
5. Pasar Mbanjar
6. Menyate Seniman Banyumas
7. Getun
8. Dawet Ayu
9. Bonbin Selamanik
10. Banjarnegara Mbangun